Lirik Lagu Wahyu F Giri - Sumandhing

Sineksen mbulan kekencar ing ratri.
Nggurit jagad bareng klawan si reki.
Sayang ...
Natah bungah ngrengga tresna nyandhing sliramu.
Eman ...
Kenya manis sesotyaku.

Lara lapa tansah nggandheng lan sira.
Lelana wana coba nrajang godha.
Nimas ...
Angugemi janji suci kang wus tinali.
Yayi ...
Nyawiji tekaning pati.

Sumpahing ati sayang tansah sandhingan.
Kang kadya mimi mintuna setyeng katresnan.
Pujanku sayang manggih klanggengan.
Mrih bisa kasembadan antuk jatining kasetyan

Posting Komentar untuk "Lirik Lagu Wahyu F Giri - Sumandhing"