Lirik Lagu Kasetyan Jati - Wahyu F Giri

Hywang condro wus ilang citrane
Mendung peteng nglimputi cahyane
Riwis nganteni kapangku
Amung siro pepujan atiku

Nduk esemmu tansah nglamlami
Lelewane milangeni
Nimas ngridu nolo
Roso tresno sun gontho
Saiki wus biso gotro

Wiwit rahino tumekeng ratri
Siro mung tansah tak impi impi
Sayang siro kang ngratoni nolo
Sesotyaku wong ayu amung siro

Nimas mratelakake katresnan
Nedyo bakal urip bebarengan
Sayang gandamu kang arum wangi
Antuk kasetyan jati
Ubayane datan mbalenjani

Nduk esemmu tansah nglamlami
Lelewane milangeni
Nimas ngridu nolo
Roso tresno sun gontho
Saiki wus biso gotro

Wiwit rahino tumekeng ratri
Siro mung tansah tak impi impi
Sayang siro kang ngratoni nolo
Sesotyaku wong ayu amung siro

Nimas mratelakake katresnan
Nedyo bakal urip bebarengan
Sayang gandamu kang arum wangi
Antuk kasetyan jati
Ubayane datan mbalenjani
Antuk kasetyan jati
Ubayane datan mbalenjani

Tresnaku suci
Ubayane datan mbalenjani

Posting Komentar untuk "Lirik Lagu Kasetyan Jati - Wahyu F Giri"