Lirik Lagu Kembang Juwita - Pawestri

Abyor tinata lintang luku
Nyunari katresnan tuhu
Marang sang puspita
Kang sulistya warna
Wewayang ana nendra

Wulan ndadari lintang nyekseni
Tresnaku kang tulus lan suci
Mung kangmas kang tansah tak anti anti
Mapan ana ing tamansari

Reff:

Kembang kekidung sang juwita
Sajroning wewayangan gumawang
Anglam lami datan nguciwani
Punagi tyas sesanti

Ngambar arum sapucaking ratri
Dadya puspita jroning ati

Ngambar arum sapucaking ratri
Dadya sengsem sajroning ati
Dadya puspita jroning nala

Posting Komentar untuk "Lirik Lagu Kembang Juwita - Pawestri"