Lirik Lagu Sawijining Dina - Adif Marhaendra

Table of Contents

Dino dino mbiyen
Isih neng sandhingmu
Dadi konco critamu
Sak isoku nglipur atimu

Dino dino wingi
Kabarmu ra ono
Angin ora cerito
Tanpo sworo jangkahmu lungo

Kairis kasunyatan kang ginaris
Ing samodro tangis
Kelingan tresno kang manis

Dino saiki sarwo sepi
Ing rino gumanti wengi
Jerite ati kang ringkih
Tanpo tepi angrerintih

Wektu wektu tak lewati
Ra ono kang mangerteni
Amung biso nyimpen kangen
Primpen sajroning pangangen

Related: loading
Dino mbesuk
Aku isih neng kene
Ngronce tembang pangarep arepku
Nyawang esemmu

Kairis kasunyatan kang ginaris
Ing samodro tangis
Kelingan tresno kang manis

Dino saiki sarwo sepi
Ing rino gumanti wengi
Jerite ati kang ringkih
Tanpo tepi angrerintih

Wektu wektu tak lewati
Ra ono kang mangerteni
Amung biso nyimpen kangen
Primpen sajroning pangangen

Dino mbesuk
Aku isih neng kene
Ngronce tembang pangarep arepku
Nyawang esemmu
Hoo hoo hmmm
Nyawang esemmu

Posting Komentar