Lirik Lagu Kawitaning Sinawang - Silvy Kumalasari

Daftar Isi



Kawitan sinawange pasuryan
Tansah ginambar ing semune awang
Katon endah  solah slagane
Karereng wredhu bawane

Duh kangmas tan kendhatku ngalembono
Batin jroning tyas hangidung tresno
Yen sinawang gebyare kahanan
Biso anut mbungahne angenan

Lintang ing  tawang  kadyo netramu
Padange bulan gambarne esemu
Sumilire angin gowo tresno
Jenengmu kang katut kagowo 

Koyo ngene yen nandhang loro asmoro
Jroning nala mangambar arum puspito
Dahat rasaku sesandhing marang sliramu
Dyah ayu memanike jantungku

Posting Komentar