Lirik Lagu Noto - GildCoustic

Akhire dino sing tak tunggu teko
Diparingi roso tresno
Tulus teko ati ora bakal ngelarani
Tak jagani nganti tekan mati

Matur suwun uwis slalu ono
Susah senengku selalu nompo
Tak bahagiakne sak isa isaku
Dungakno mugo lancar rejekiku

Mbesok yen pengen opo opo
Iso kari tumbas ra mung mbayangno
Iso dinggo crito ning liyo dino
Nate urip rekoso

Reff:

Teruso ngene iki
Sayangku ora bakal keganti
Bareng bareng kabeh dilewati
Susah seneng bareng dijalani

Matur suwun gusti
Mpun maringi tresno sing gemati
Sing bakal tak jogo tekan pati
Mbangun cerito tresno sing abadi

Posting Komentar untuk "Lirik Lagu Noto - GildCoustic"