Lirik Lagu Pancasila - Nanda Sari

Mustiko Pancasila
Wujute suh panyawiji
Kang nyawijeke
Wongso agung Indonesia

Paribasan jimat
Sing kudu rinekso selawase
Rinuwat kanti laku
Ngormati sak podo podo

Lakune toto projo
Lan rukune pro kawulo
Bisone klakon
Margine mung Pancasila

Mokal biso akur
Yen to tansah udur lan nglirwake
Piwulange leluhur
Pancasila jimat sekti

Posting Komentar untuk "Lirik Lagu Pancasila - Nanda Sari"