Lirik Lagu Ternak Naga - Sulis Eva Feat Gembos

Mbokne thole iki ngono wis wayahe
Wetengku luwe ora ono segane
Awak ndredek lemes ora ono dayane
Mripat blawur ora ketok jagate

Yungalah pakne mbok iso o nyawang
Beras entek opo sing kudu tak adang
Bumbon entek ra duwe lombok ra duwe bawang
Gelang sak biting wis katut kadol ilang

Reff:

Pirang sasi sampean ora kerjo pakne
Aku isin bendino di sawang tonggo
Esuk sore awan bengi mung dolanan hp
Aku nyawang iso tambah mumet dewe

Mbok sing tenang aku lagi kerjo mbokne
Belajar ternak makani naga gede
Lha yen mbledos kowe jaluk opo wae
Klambi anyar kalung anyar gelang gede

Pake thole kui ngono ora becik
Ora ono wong sugih soko judi

Iyo mbokne pikirku sing kewalik
Aku sadar ora bakal tak baleni

Iyo pakne
Ojo nganti kok baleni

Posting Komentar untuk "Lirik Lagu Ternak Naga - Sulis Eva Feat Gembos"