Lirik Lagu Setyo Tuhu - Aiswindra Ayu Lestari

Aku kang setyo satuhu
Wit biyen nganti saiki
Bebasane peteng kepapag obor sumunar

Andika pangayomanku
Lahir batinku wus nyoto
Mung sajake andika semune kurang reno

Tondo yekti paseksene rikalane
Ngangkat awrat
Mlampah tebih datan lesu (mugi lestariyo)

Mugi antuk berkahing widi
Andika mung tansah limpat
Panyuwunku sedyo kulo tansah anglam lami

Posting Komentar untuk "Lirik Lagu Setyo Tuhu - Aiswindra Ayu Lestari"