Lirik Lagu Kusuma Arum - Galih Prastya

Mekar arum kusuma rinengga
Sajiwa rumaketing tresna
Sinanggit tetembangan kasmaran
Nuwuhke wijining katresnan

Amung siro yayi
Tan ana liya ning ati

Reff:

Sesandingan kadya dewa dewi
Ning pinggir pesisir nggonku mangukir
Rinonce mlati tanda tresna kang suci
Tak wenehke marang sira sang dewi

Endah yen sinawang lintang ambyor ing tawang
Pasuryanmu sayang ora bakal ilang
Rina lan wengi amung kegawa ngimpi
Lewat tembang iki tresna tulus ing ati

Posting Komentar untuk "Lirik Lagu Kusuma Arum - Galih Prastya"