Nalika ke impi impi rasa bingung goleki
Amung nyawang langit wengi
Lan rasa adem ing ati
Sabar ora medhot donga
Restu gusti kowe teka
Tak sawang sliramu nambahi sayang
Tak gandeng ning ati rasane enteng
Sajak adem raga iki
Nyanding sliramu sing uwes pesthi
Mugo berkah kaparing restu saking gusti
Rasaku rasamu nyawiji
Bareng nglakoni urip iki
Ra bakal ninggal tatu
Ninggal janji tekane pati
Wis wancine wis tekan titi mangsa
Ati loro nyawiji dadi rasa
Ucap lirih janji suci
Ngrasuk kalbu dadi dalan urip
Bebarengan kanthi ayem lan tentrem
Rasaku rasamu nyawiji
Bareng nglakoni urip iki
Ra bakal ninggal tatu
Ninggal janji tekane pati
Rasaku rasamu nyawiji
Bareng nglakoni urip iki
Ra bakal ninggal tatu
Ninggal janji tekane pati
Posting Komentar untuk "Lirik Lagu Rasa Nyawiji - Herdiansyah Janu Feat Dewi Triastuti"