Ora ono sing njaluk dilahirke
Neng keluarga sing koyo ngene
Tak tompo opo anane kabeh kahanane
Yen pancen ngene iki takdire
Kudu iso kuat balungane
Mergo ra disonggo wong tuane
Kudu iso ngadek dewe raono cekelane
Ngene men anak sing rusak omahe
Nek kelingan bapak ibu nangis tenan atiku
Do egois dewe dewe dadi bubar keluargane
Pedot neng tengah dalan hancur kabeh harapan
Uripku ra nduwe arah ora ono tujuan
Nakal dadi bajingan urip ku turut dalan
Mabok dadi pelampiasan bingung ra nduwe cekelan
Kurange kasih sayang ra tau diperhatikan
Dadeke aku anak sing ra nduwe masa depan
Ora ono sing njaluk dilahirke
Neng keluarga sing koyo ngene
Tak tompo opo anane kabeh kahanane
Yen pancen ngene iki takdire
Kudu iso kuat balungane
Mergo ra disonggo wong tuane
Kudu iso ngadek dewe raono cekelane
Ngene men anak sing rusak omahe
Saiki bapak ibu wis do rabi dewe dewe
Ilang tanggung jawabe nganti lali ro anake
Uripku ro simbahe ket cilik tekan semene
Pak bu aku wis gede iso golek duit dewe
Sak elek eleke ibu ku tetep sing nglahirke
Sak elek eleke bapak ku tau merjuangke
Aku korbane wong tuo ra pengen urip rekoso
Tak buktekke aku iso senajan karo ngampet loro
Le nyuwun ngapurone tenan
Bukane bapak ibu ora sayang
Sesok nek koe gede bakal ngerti abote
Wong omah omah kudu kuat sak kabehe
Ora ono sing njaluk dilahirke
Neng keluarga sing koyo ngene
Tak tompo opo anane kabeh kahanane
Yen pancen ngene iki takdire
Kudu iso kuat balungane
Mergo ra disonggo wong tuane
Kudu iso ngadek dewe raono cekelane
Ngene men anak sing rusak omahe
Posting Komentar untuk "Lirik Lagu Ego Wong Tuo - NDX AKA (HipHop Dangdut)"